Sugeng enjing bocah-bocah! Aja kaget Cah, ing kene matakuliyahe jenenge Pembelajaran Bahasa Jawa di SD kanthi kode PSD2020. nah, mula saka iku apa-apa sing diomongake ing kene ya mesthi nggawe basa Jawa ya Cah? Kenalake dhisik, ing kene ana Bu Endang Sri Maruti kang bakal nuntun bocah-bocah kabeh nyinanoni apa wae ta materi-materi panyinaone Basa Jawa ing SD lan kepriye carane mulangake ing murid SD. Materi panyinaon basa Jawa iku kanthi umum diperang dadi rong materi, yaiku materi panyinaon basa Jawa lan materi panyinaon sastra Jawa. Mengko yen ana tugas utawa pitakonan bisa ngontak aku ing email marutiendang@gmail.com utawa japri ing WA 082257995470 ya! Basa Jawa ki penting banget lo cah, amarga saliyane dadi basa ibu utawa basa pertama, basa Jawa uga nyengkuyung anane basa nasional, basa Indonesia. Mula saka iku, wiwit SD nganti SMA/SMK, basa Jawa dadi muatan lokal wajib. Wis siyab sinau Basa Jawa karo Bu Endang? Ayo diwiwiti!!!
Course Modules Ing ngisor iki gambaran materi ing RPS.
Announcements